Rabu, 05 Desember 2012

Bangsa Kita kaya Suket Garing 28 Oktober 2012 | 17:44 wi


image
(suaramerdeka.com/ wayang.wordpress.com)


 
  Dening MM Bhoernomo
Sadurungi tilar donya, WS Rendra tau menehi pamawas yen bangsa kita kaya dene suket garing; gampang kobong. Paribasane kepletikan mawa rokok wae bisa kobong. Lan yen wis kobong, njur gampang mremen saengga bakal ngobong samubarang.
 

KAYA mengkono kahanan sing wis nyata. Meh saben dina ana kasus tawuran utawa obong-obongan sing akibate nggegirisi, kaya sing kedadeyan ing Sampang (Madura) lan dhaerah liya. Wis akeh sing mati jalaran tawuran. Malah uga ana sing mati senajan ora melu tawuran, nanging lagi apes jalaran nalika ana tawuran ora bisa mlayu nylametake awak.

Sing prelu kawuningan, kaya dene sing kabeber dening para ahli adedhasar survei global, sing tansah dirembug ana ing sidhang prekara keamanan PBB ing tauntaun sing wis kapungkur, luwih akeh warga sipil sing mati nalika ana obong-obongan utawa tawuran ketimbang prajurit militer sing mati ing palagan.
Ana uga survei sing wis mbeberake yen luwih akeh warga sipil mati kena bedhil ketimbang tentara sing melu perang ing palagan kanthi nggunakake bedhil lan bom. Mula prekara tawuran ing negara-negara sing ora dadi palagan militer dianggep luwih nggegirisi ketimbang perang gedhe sing nganggo senapan otomatis lan bom-bom gedhe.

Perang Dingin Mula banjur ana pitakonan: geneya bangsa kita kaya dene suket garing? Wangsulane bisa kabeberake kanthi dawa. Dene sawijine bangsa bisa gampang ngamuk jalaran para pemimpine gampang nesu. Lan yen ana bangsa liyane sing uga gampang ngamuk, mangka banjur padha perang, kaya dene sing wis tau kedadeyan ing ngalam donya iki sing kasebut Perang Dunia I lan Perang Dunia II utawa perang sing gedhe jalaran akeh bangsa sing melu perang.

Nalika Perang Dunia I, akeh bangsa kepeksa melu perang jalaran yen ora melu bakal luwih katiwasan. Mula banjur akeh bangsa kumpul dadi siji sing kasebut sekutu, memungsuhan karo Jerman sing dipimpin Hitler. Sapa Hitler kuwi? Kaya sing kabeber ana ing buku sujarah, Hitler sawijine pemimpin sing seneng nesu lan seneng perang. Mula sing dipentingake mung gawe maneka gaman utawa senjata murih unggul ing palagan.
Nanging amerga seneng perang, Hitler asring nglurug ing negara-negara liya. Mula banjur dikroyok sekutu, saengga prajurite Hitler kasor. Dene nalika Perang Dunia II, akeh bangsa uga nyawiji anggone mungsuhi Jepang. Mula Jepang banjur seleh sawise kuthane dibom atom dening Amerika Serikat sing prasasat dadi pemimpin bangsa-bangsa liya sing nyawiji dadi sekutune.

Geneya Jepang dimungsuhi sekutu? Ora liya jalaran wektu iku pemimpin Jepang uga seneng perang saengga duweni alat-alat perang sing akeh tur canggih. Malah Jepang uga duweni bala prajurit sing wani mati saengga kabeh mungsuhe padha giris. Nanging jalaran akeh sing mungsuhi, Jepang banjur keok.

Sawise Perang Dunia II, meh kabeh bangsa ing donya banjur dadi rukun. Nanging rukune ura tulus saengga thukul kahanan sing kasebut Perang Dingin. Kahanan kuwi kaya dene kahanan sing sarwa rukun, nanging saben-saben bangsa sing wis maju banjur padha unggulunggulan gawe alat-alat perang sing sarwa canggih kaya dene bom nuklir.

Ing mangsa Perang Dingin, kabeh bangsa sepakat gelem rukun. Nanging jalaran isih akeh bangsa sing durung maju jalaran padha pasulayan karo sedulur dhewe, kaya dene rebutan pangkat utawa rebutan wangkit, mula banjur akeh pasulayan sing kedadeyan sajrone negara sing disebut minangka perang saudara.
Kuwi pasulayan sajrone negara sing kudune bisa dirampungake dhewedhewe, jalaran bangsa liya ora oleh cawe-cawe nyampuri urusane sawijine bangsa. Kaya mengkono kahanan sing uga kerep kedadeyan ing negara kita. Namung jalaran kalah ing pemilihan kepala dhaerah banjur ana calon bupati karo pendukunge ngamuk lan ngobong kuthane dhewe.

Namung jalaran nyek-nyekan, para mahasiswa utawa suporter sepakbola uga padha tawuran lan obong-obongan. Malah jalaran salah paham ana uga bocah-bocah sekolah sing tawuran karo wartawan. Akeh sing kandha yen bangsa sing gampang nesu kaya dene suket garing kuwi jalaran sistem keadilan durung lumaku kanthi becik.

Luwih cethane, yen isih akeh wong sing rumangsa dadi korban kahanan sing ora adil mangka bakal gampang ngamuk. Mula yen pancen kita ora kepengin dadi bangsa sing kaya suket garing, kudune bab keadilan kukum, keadilan sosial, lan keadilan ekonomi tansah diwujudake. Ora mung dadi gunemane para panguwasa lan dadi pangangenangene rakyat.

Ana unen-unen, cacing wae yen kapidak-pidak bakal ngulet, apa maneh manungsa. Mula aja seneng midak-midak senajan luwih kuwasa. Wis akeh uga sing kandha yen bangsa sing kaya dene suket garing kuwi jalaran ora ngajeni tata krama. Dene tata krama kuwi minangka paugeran sing nuduhake perkara ala lan becik kanthi cetha lan bisa dirasakake dening kabeh manungsa.

Contone, tata krama bab guneman kudu diugemi murih ora bakal ana sing ngamuk jalaran keprungu guneman ala sing nerak tata krama. Dene guneman ala kuwi bisa wae aduadu, pitenah, pisuhan, utawa nyacat. Mula ana unen-unen, ilat kuwi luwih landhep ketimbang gaman. Lan yen ilat sing padha landhepe banjur benthik-benthikan, mangka bisa ngobong suket sing garing lan ngobong liya liyane, kaya sing kedadeyan ing Sampang.
- MM Bhoernomo, sastrawan lan budayawan, mapan ing Kudus
(RED/CN27)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar