Dene bab bobot iku magepokan karo kahanane calon mantu utawa calon jodho mau: sekolahe apa, nyambutgawene dadi apa, klebu uga bocahe bagus/ayu apa ora. Apa nduweni cacat, lan sakteruse.
Dene bab bebet sing dikarepake yaiku bab bandha utawa kesugihane. Kekayaan iku ora bisa dipisahake karo kekayaan wong tuwane, luwih-luwih tumrape bocah wadon.
Dhek jaman biyen adate bocah lanang utawa wadon iku dijodhokake dening wong tuwane. Bocahe dhewe terkadhang sok durung tepung karo calon jodhone. Kanthi mangkono wong tuwa bisa ngugemi bab syarat-syarat sing gegandhengan karo bibit, bobot, bebet mau.
Tumrap jaman saiki, kriteria bibit, bobot, bebet wis ora pati diugemi. Bocah-bocah padha golek jodho dhewe-dhewe, ora dijodhokake dening wong tuwane. Siji-sijine ukuran yaiku tresna utawa cinta. Tresna iku tuwuh ing sesrawungan. Thukule rasa tresna iku biasane saka panyawang, dadi saka ayu utawa baguse rerupan. Daya tarik ing antarae siji lan sine sing dadi ukuran. Bab asal-usul utawa sarasilah adate ora pati digetekake. Sing penting wis padha tresnane. Rasa tresna sng gedhe nuwuhahe tekad lan kemanteban kanggo mbangun bale wisma. Yen wis padha tresna, wis padha manteb, arep apa maneh? Iki uga ora geseh karo paring pangandikane Sunan PB X nalika paring dhawuh marang para putra-putrine kang kamot ing Serat Wulangreh Putri. Wong nambut silane akrami utawa dadi manten iku pawitane mung siji, yaiku antebing ati, dudu bandha dudu rupa. Petikan tembang ‘’Asmaradana’’ mau katur ing ngisor iki.
Pratikele wong akrami,
dudu brana dudu warna,
amung ati pawitane,
luput pisan kena pisan,
yen gampang luwih gampang,
yen angel angel kelangkung,
tan kena tinambak arta.
(SuaraMerdeka.com - 12 Maret 2013 | 23:15 wib - RED/CN37)
FORUM TEMU KANGEN SD SABDAPALON 1970 - 1971 : BIBIT, BOBOT, BEBET: WONG Jawa biyen yeng golek mantu utawa golek jodho nggunakake ukuran utawa kriteria telu, yaiku bibit, bobot, bebet. Calon mantu ...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar